Slametan
Slametan
Budaya Jawa ngugemi upacara mirunggan tumrap laku jantraning manungsa, wiwit ing kandhutan, lair, nyambut silaning akrama ngantos dumugi seda. Sedaya wau tansah dipunwujudaken kanthi nggelar slametan, kalebet wujuding slametan tiyang ingkang sampun seda.
Slametan kagem tiyang ingkang seda dipunparani surtanah utawi nggesur tanah ing dinten geblagipun. Surtanah menika dipunwujudaken kanthi damel sekul asahan cacah ganjil manut kekiyatanipun kulawarga ingkang kasripahan, tumpeng cacahing ugi ganjil dipunsigar tengah dipuntata ungkur-ungkuran. Menika ateges sampun ngungkuraken kadonyan tumuju alam kelanggengan.
Slametan ingkang kaping kalih inggih menika dipunarani telung dinanan. Wujud slametanipun sami kaliyan slametan surtanah, nanging tanpa tumpeng adu geger. Slametan pitung dinanan wujudipun ugi sami kaliyan slametan kaping kalih, nanging dipunsarengi tahlilan utawi rasulan. Wujuding rasulan inggih menika sekul wuduk iwak pitik. Menawi para tamu sampun dipunaturi pasugatan, prayoginipun wujud unjukan, dhedhaharan maneka werni lan gule menda kanthi panyuwunan pandonga katampiyo sowan ing Pangayuaning Pangeran.
Salajengipun slametan 40 dinanan, wujudipun sami kaliyan slametan pitung dinanan. Semanten ugi slametan nyatus dinten sarta slametan pendhak pisan, wujudipun sami kaliyan slametan pitung dinanan. Dene slametan pendhak pindho saged tanpa slametan. Ewadene menawa dipunadani slametan, wujudipun sami kaliyan slametan pitung dinanan.
Slametan nyewu dipunarani nyewu dinan. Wujudipun slametan sami kaliyan slametan pitung dinanan, namung kemawon langkung lan dipunpepaki ngangge ngeburaken peksi dara sepasang ingkang ulesipun pethak. Labangipun pikantuk margi bebas kondur dhateng mula nira tanpa pambegan satunggal menapa.
Menawi nyewu dina wau ngangge mbeleh menda, sasagedipun milih menda ingkang kendhit. Kajawi slametan menapa mesthinipun, limrahipun taksih woten tambahan inggih menika slametan godhongan. Godhong kangge wadhah pasugatan, dipunaturaken dhateng dalemipun para tamu lan tangga tepalih ingkang bakal dipunulemi, naminipun slametan tonjokan. Isinipun piring cacah tiga isi sekul, lelawuhan, lan panganan maneka werni, ugi rantang cacah tiga isi sate lan gule menda, sekul, lan srebet.
Sesampunipun slametan nyewu, sampun boten wonten malih upacara slametan. Kajawi tumrap para ingkang kabadhan, wonten ingkang ngadani slametan haul utawi kol-kolan. Wancinipun boten mesthi, wonten ingkang pendhak taun, pendhak windu, lan sapiturutipun. Wujuding slametan, limrahipun ngangge panganan ingkang dados pakaremanipun almarhum/almarhumah, kanthi ngaturi rawuhipun tangga tepalih, kulawarga cinaket, dipuniseni ngangge wasita adi, upaminipun sujarahipun almarhum/almarhumah ingkang sae-sae, supados dados tuladha lan dipuntiru.
Kapethik saka: Solopos (Jagad Jawa), 8 Desember 2011
Sumber: LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SD/MI kelas VI Semester Gasal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar