Sinau bahasa jawa
Sabtu, 16 Januari 2016
Tedhak siten
Upacara Adat “TEDHAK SITEN”
( Gagrak Ngayogyakarta )
Slametan “Tedhak Siten” utawi upacara “Tedhak Siten” satuggaling warisan budaya tetilaranipun para pini sepuh, ingkang mengku werdi ingkang luhur, liripun kabudayan punika badhe dados lambang gesangipun lare ing tembe wikingipun.
Dene Tedhak Siten punika dipun adani nalika lare sampun ndhungkap umur 7 wulan utawi pitung lapan. Dados lare sampun wiwit brangkangan, lan rambatan
Dene slametanipun lan uba rampenipun inggih punika:
1. Sekul megana ( apa-apa wis ana) , utawi sega gudhangan
2. Jadah 7 warni ( abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon lan wungu )
3. toya kembang setaman
4. pasir utawi wedi
5. andha tebu arjuna (wulung )
6. teken tebu arjuna, lan pisang raja sarta ingkung
7. bokor isi uwos jene sarta arta ( sen, kelip, talen, rupiyah, ringgit,
8. raja brana / raja keputren
9. kurungan,
10. sawarnaning dolan lare, boten kantun kertas lan pontelot
Reroncening adicara
1. Lare dipun tetah Rama ibunipun, wiwit ngidak pasir ( siti ) lajeng ngidak jadah ingkang maneka warni wau. Mligi ramanipun nalika nettah kaliyan nyepengi teken tebu arjuna.
Dene werdinipun lare ngidak-idak pasir ( siti) satunggaling lambang bilih lare badhe miwiwiti gesang ing jagading lare, iingkang ngidak-idak jadah, lambing bilih gesanging lare badhe kalepetan kenging pengaruh saking dayaning kawontenan ingkang maneka warnining kados prlampitaning jadah ingkang dipun damel maneka warni punika.
Tiyang sepuh ngasta teken tebu arjuna, dados gambaran utawi lambing bilih jejering tiyang sepuh, ingkang dumugi tumusing manah murih saget dados tekening lare, murih saget katekan kajengipun
2. Salajengipun lare dipun penekaken andha tebu arjuna, werdinipun “menek tebu” punika dados gambaran bilih gesangipun lare boten nilar trap-trapaning gesang, utawi nglangkungi gesang ingkang tambah inggil
3. Salajengipun dipun linggihaken klasa pasir dipun lebetaken kurungan, ingkang ugi dipun cepaki maneka warni dolanan, lan boten kantun potelot lan buku,
Dene kurungan utawi griya, werdinipun murih lare badhe gesang masarakat ingkang maneka warni kawontenanipun. Dolanan ingkang maneka warni punika. Werdinipun gambar satunggaling pepinginan llare, mila pangajabipun tiyang sepuh ing benjang sageda wicaksana.
Dene dolanan ingkang maneka warni ingkang dipun pilih lare, liripun dados gambaran gesang lare ing tembe wiking .Mila upami lare mangke mendhet potlot werdinipun lare ing tembe badhe dados juru tulis/ carik lsp
5. Salajengipun lare dipun sirami toya kembang setaman. Werdinipun reresik, ingkang mengku pangajab dados tiyang ingkang bebudenioun resik sarta saget ngambar arum
7. Sarta dipun dandosi sabuk wala busana adapt lare. Werdinipun murih lare iung tembe tansah emut tata adat Jawi, utawi dados tiyang Jawi
9. Salajengipun dipun dalaken saking kurungunan , rama-ibunipun kanthi ngasta bokor ingkang isi arta lan wos jene, ingkang dipun wur-wuraken utawi dipun sebar kanthi mungel “kur… kur… kur ( kados yen babon ngudang kuthukipun) lare kanthi brangkangan badhe mendet ingkang ingkang dipun remeni.sakang dipun sebar punika. Mengku werdi kados ing ing nginggil, upami mendet arta antawisipun sen, dumugi ringgit dados lambing tataraning gesang ing tembe wiking
Makaten sawentasi bab bab upacara “tedhak siten” ingkang kula ngertosi, saking pemamggih kula, ing wusana kula sumanggakaken para sutresna budayan
Ngayogyakarta, 23 Juni 2009.
Sumber: https://suwardanijaya.wordpress.com/tedhak-siten/
Slametan
Slametan
Budaya Jawa ngugemi upacara mirunggan tumrap laku jantraning manungsa, wiwit ing kandhutan, lair, nyambut silaning akrama ngantos dumugi seda. Sedaya wau tansah dipunwujudaken kanthi nggelar slametan, kalebet wujuding slametan tiyang ingkang sampun seda.
Slametan kagem tiyang ingkang seda dipunparani surtanah utawi nggesur tanah ing dinten geblagipun. Surtanah menika dipunwujudaken kanthi damel sekul asahan cacah ganjil manut kekiyatanipun kulawarga ingkang kasripahan, tumpeng cacahing ugi ganjil dipunsigar tengah dipuntata ungkur-ungkuran. Menika ateges sampun ngungkuraken kadonyan tumuju alam kelanggengan.
Slametan ingkang kaping kalih inggih menika dipunarani telung dinanan. Wujud slametanipun sami kaliyan slametan surtanah, nanging tanpa tumpeng adu geger. Slametan pitung dinanan wujudipun ugi sami kaliyan slametan kaping kalih, nanging dipunsarengi tahlilan utawi rasulan. Wujuding rasulan inggih menika sekul wuduk iwak pitik. Menawi para tamu sampun dipunaturi pasugatan, prayoginipun wujud unjukan, dhedhaharan maneka werni lan gule menda kanthi panyuwunan pandonga katampiyo sowan ing Pangayuaning Pangeran.
Salajengipun slametan 40 dinanan, wujudipun sami kaliyan slametan pitung dinanan. Semanten ugi slametan nyatus dinten sarta slametan pendhak pisan, wujudipun sami kaliyan slametan pitung dinanan. Dene slametan pendhak pindho saged tanpa slametan. Ewadene menawa dipunadani slametan, wujudipun sami kaliyan slametan pitung dinanan.
Slametan nyewu dipunarani nyewu dinan. Wujudipun slametan sami kaliyan slametan pitung dinanan, namung kemawon langkung lan dipunpepaki ngangge ngeburaken peksi dara sepasang ingkang ulesipun pethak. Labangipun pikantuk margi bebas kondur dhateng mula nira tanpa pambegan satunggal menapa.
Menawi nyewu dina wau ngangge mbeleh menda, sasagedipun milih menda ingkang kendhit. Kajawi slametan menapa mesthinipun, limrahipun taksih woten tambahan inggih menika slametan godhongan. Godhong kangge wadhah pasugatan, dipunaturaken dhateng dalemipun para tamu lan tangga tepalih ingkang bakal dipunulemi, naminipun slametan tonjokan. Isinipun piring cacah tiga isi sekul, lelawuhan, lan panganan maneka werni, ugi rantang cacah tiga isi sate lan gule menda, sekul, lan srebet.
Sesampunipun slametan nyewu, sampun boten wonten malih upacara slametan. Kajawi tumrap para ingkang kabadhan, wonten ingkang ngadani slametan haul utawi kol-kolan. Wancinipun boten mesthi, wonten ingkang pendhak taun, pendhak windu, lan sapiturutipun. Wujuding slametan, limrahipun ngangge panganan ingkang dados pakaremanipun almarhum/almarhumah, kanthi ngaturi rawuhipun tangga tepalih, kulawarga cinaket, dipuniseni ngangge wasita adi, upaminipun sujarahipun almarhum/almarhumah ingkang sae-sae, supados dados tuladha lan dipuntiru.
Kapethik saka: Solopos (Jagad Jawa), 8 Desember 2011
Sumber: LKS Muatan Lokal Bahasa Jawa SD/MI kelas VI Semester Gasal
Langganan:
Postingan (Atom)