Kamis, 24 Desember 2015

Asal Usulipun Rawa Pening

Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan  menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpadipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.
Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.
https://basajawa41.wordpress.com/materi/cerita-rakyat/asal-usulipun-rawa-pening/

Bawang Abang lan Bawang Putih

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.


Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"

Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko."
"Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman.
"inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa koe nduk?" takon mbah kui.
"Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong.
"Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.





http://kumpulanceritajawa.blogspot.co.id/2009/03/bawang-abang-bawang-putih.html

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.



http://kumpulanceritajawa.blogspot.co.id/2009/03/timun-mas_8941.html

Misteri Gunung Bromo

Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung
Bromo.



http://kumpulanceritajawa.blogspot.co.id/2009/04/misteri-gunung-bromo-jaman-bien-nalika.html



Kancil lan monyet

Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.



http://kumpulanceritajawa.blogspot.co.id/2010/03/iyen-nalika-eyang-esih-urip-lan-aku.html

Cerkak Pengalaman Pribadi Ketemuan Karo Kanca Facebook

 Sopo sing saiki ora duwe FB. Kabeh do dolanan Facebook kan. Termasuk aku. Nah iki contoh pengalaman pribadi aku pas ketemuan karo kanca FB. Istilah kerene kopdar.

Sakdurunge, aku wes kenal ning Facebook marang kanca iki. Mulane ra sengojo kenal mergo diskusi ning forum Bahasa Jawa. Wonge takon-takon karo aku perihal cerita pengalaman pribadi. Eh delalahe aku dong juk akhire komunikasi terjalin.

“Wah, koe pinter banget gae cerkak basa jawa. Kapan-kapan ketemu yo, omahmu nandi tho?” jare kanca FB ku.

“Omahku ning cerak Malioboro tepate ning sisih kulone. Reti bakul bakul bakpia? Nah omahku mburine. Tapi aku dudu bakul bakpia,” jawab ku.

“Weh, cerak brati. Omahku ning kulone stasiun tugu. Yen selo, ketemu yo, aku diajari gae cerkak basa jawa,” saure.

“Ok, ko kabar-kabar yo, jaluk nomer hp mu go kontak,” balesku.

Percakapan iku omong omongan aku karo kanca FB ning chatting Facebook. Akhire aku karo dek e semayanan ketemu dina Minggu isuk ning Malioboro. Wah aku mbatin, iki rep sinau gae cerkak opo dolan, kok janjenan ning malioboro. Tapi yowes lah mangkat wae.

Pas dina minggu, aku budal ning Malioboro. Akhire aku lan kanca FB ku iku ketemu ning mall. Ning food court, aku karo deweke bahas soal cerkak basa jawa. Tak ajari sak isaku karo mangan. Ameh sore juk aku bali tapi ngeterke deweke disik ning omahe. Kapan-kapan aku karo deweke wes janjian meneh rep sinau bareng tapi ora ning malioboro. Mosok ngemol neh.



http://www.cerkakbahasajawa.com/2015/05/cerkak-bahasa-jawa-pengalaman-pribadi_7.html

Sabtu, 19 Desember 2015

Cerkak Salah Parkir Mobil

Neng siji pelataran parkir basement, ono loro pemuda gae seragam jasa pangiriman paket bingung neng cedhak tunggangan dekne kabeh. Pemuda siji lagi lingguh neng walik lakok, lagekne pemuda sijine meneh bertolak bangkekan neng ngarepe. “Dik, ban ngarep nyangkut neng sudut sikut pancang gedung. Maju ora iso, mundur ora iso. Piye iki?” Budi pitakon alon nggumuyokake kegoblokane, ora becus markir mobil. “Lah, mau parkire kepriye? Mlebu iso, mosok metune nyangkut?” takon pemuda sijine protes. Budi masar nyawang menyang sekeliling, ning ora ditemonane sijia satpam kanggo dijaluki tulung. “Wis, awake dhewe angkat wae mobile. Biyasa angkat montor, mosok geser sitik menyang kiwa ae loyo?” saur Budi ngasal.

“Hah?! Ngangkat mobil? Sing bener ae! Emang iso?” dijawab kanane. “Ya, awake dhewe coba dhisik, sing penting dijajal. Koe kanggonan kiwa, ana kanggonan tho. OK?” Sakarone jupuk ancang-ancang, nyekel kanggonan saka buri mobil kantor.

“Siji… loro…telu…!!!” Urat-urat nadine dekne kabeh anyak menonjol pas mulai ngangkat. Kringet ngrembugi pipi. Dumadakan wulang mbengok karo logat Jawane, “E.. E.. Ehhh.. aduuhhh.. bangkekan… Encok.. Encookkk.. cuklek suwi suwi balungku ‘ne ngene iki cerito ‘ne!” Budi sing krungune gumuyu. “Ahhh..koe kui...serius malah ngelucu! Dadi ilang iki tenaganne” saur Budi karo nepuk pundhak kancane kuwi sing asli kutha Jember.“Ya entek…masa dikongkon angkat mobil! sing bener ae kon!” jawab ketus kancane. “Aduh…terus pie penake yo?” Budi bali pitakon. Dheweke wedi walik menyang kantor, arep kandha apa mendhuwurane? Budi lingguh neng walik lakok, lawang mobil sisih tan dheweke bukak separuh ben ora menyenggol mobil liya. 

Iseng wae mesin mobil carry butut kuwi dheweke nyalake lan alon-alon mundurke mobil sembari ndeleng menyang arah ban tan ngarep ben bisa delok luwih leluasa. “Didiiikkk..mobile iso metu!!” jerit Budi. “Ahhh… apes, reti ngono ngopo nggak mau-maune mundurke mobile seh?” saur kancane mangkel. “Ya sopo sing reti.... ayo munggah, awake dhewe mulih menyang kantor!” lan dekne kabeh kedadeyan metu saka parkir basement. 

Kamis, 10 Desember 2015

Cerkak Tresna kang ora Direstuni

Tresna Kang Ora Direstuni
Isuk,awan,sore,bengi kang saben dina dilakoni wong urip. Wektu iku ana pasangan sing romantis lan nyenengke. Pasangan iku budi lan wulan dheweke pacaran wis 4 tahun awit saka SMP kelas 3, ora pernah sedih uripe pasangan kui katon seneng banget nganti kanca-kanca padha meri delok budi lan wulan. Pasangan kui mau wis padha serius, wis padha duwe tujuan. Saben dina pasangan kui mau ketemu, nanging ketemune ora tau neng omahe budi mesti ketemuan ing najab adoh saka omah. Banjur dheweke lunga menyang ing pinggir sawah, ing kana budi lan wulan lungguh jejer katon padha omong-omongan.
“Lan dhewe pacaran kan wis 4 tahun mosok yo arep mumpet-mumpet terus wong tuwaku ora padha ngerti..” budi buka omongan
“Ohh..yoyo mas aku yo paham..” wangsulane wulan
“Lahh yoo sanajan aku nembung wong tuwamu piye ?” pitakone budi
“Nggih boten menapa-menapa mas aku gelem..” wangsulane wulan
“Yowes saiki ayo aku terke neng omahmu kenalke aku neng wong tuwamu..”wangsulane budi
Budi karo wulan mlaku bareng menyang omahe wulan.
“Assalamualaikum..” salame budi karo wulan
“Iya sek ya wulan..” wangsulane ibune wulan saka jero omah
“Inggih buu..” wangsulane wulan
“Ealahh..wulan karo budi, ayo rene padha mlebu. Piye bud ana perlu apa ?” wangsulane ibune wulan
“Kula badhe nyuwun ijin menawi kula pacaran kaliyan wulan angsal menapa boten ?” pitakone budi
“Ya ora papa bud sing penting pacaran sing nggenah aja macem-macem..” wangsulane ibune wulan
“Nggih bu boten macem-macem. Ohh inggih buu kula langsung pamit kondur nggih bu , kula badhe ngajak wulan wonten ing ndaleme kula” wangsulane budi
“Ohh yowe kana ora papa ati-ati ya bud..” wangsulane ibuku
“Inggih bu assalamualaikum..” salame budi karo wulan
“Waalaikumsalam..” wangsulane ibune wulan
Sawise tekan omahe budi, bapak lan ibune budi wis padha ing jaba omah lungguh-lungguh ing teras.
“Kui sopo bud ? kok rak pantes ngono karo kowe..” pitakone ibune budi karo mbentak-mbentak
“Niku wulan bu pacar kula, kula pacaran sampin 4 tahun nanging boten ernah kula ajak mrki. Kira-kira ibu setuju menapa boten ?” pitakone budi
“Ibu karo bapak ora setuju , ibu ora peduli kowe arep pacaran pirang tahun. Pokoke ibu bapak ora setuju. Ora pantes kowe intuk wong koyok ngono...” wangsulane ibune budi karo nesu-nesu
“Ibu boten pareng mekaten kula seneng banget kaliyan wulan..” budi mangsuli katon sedih atine
“Wis kana wulan balek wae..” ibune budi mangsuli karo ngusir wulan
Sawise ora direstuni wulan langsung balek karo nangis turut dalan.
Sawise ora direstuni karo wong tuwane budi pasangan mau ora bisa ketemu meneh amarga budi dikurung ing kmar. Pasangan mau akhire putus lan ora anak kabar blass. 4tahun dilewati susah seneng bareng saiki putus merga wong tuwane budi ora ngei restu.



Cerkak Kanca kang dadi Bojo

Kanca Kang Dadi Bojo
Jaman sing saya maju teknologi sing saya canggih akeh cah enom padha nggunaake sosial media contone facebook. Suwe aku nduweni facebook, kanca-kanca facebookku ya wis padha akeh nanging uga akeh sing sombong.
Wektu iku melek mataku jam 3 isuk aku buka facebook ketimbang ora ana kerjaan. Ora suwe ana wong sing ngei pesan ana ing facebookku jenenge bayu.
“Hai...” sapaane bayu
“Iyoo...iki sopo ya ?” wangsulanku
“Aku bayu, aku intuk apa ora kekancan karo awakmu ?” pitakone bayu
“Ya intuk-intuk wae mas..” wangsulanku
Ing kana aku lan bayu nerusake omongan nganti isuk, nganti ora bisa merem meneh. Ora suwe aku lan bayu ora mung facebookan sanajan smsn merga bayu jaluk nomerku. Ing smsn ya tansah guyonan bareng, padha merhatike siji lan sijine. Sanajan wis ana 2 minggu smsn utawa ngei pesan ing facebook aku lan bayu banjur ketemu ben tambah akrab.
“Kowe sing jenenge susi ?” pitakone bayu
“Iya mas, awakmu bayu mas ?” wangsulanku
“Oalah, wis ora usah wedi ngono to aku ya ora nyokot hehe..” guyonane bayu
“Iya mas.” wangsulane susi karo mesem-mesem
Aku lan mas bayu ketemu banjur lungguh jejer ngombe wedang ronde ing sangisore langit peteng lan bulane kang lagi bunder seser. Ing sangisore langit mau mas bayu ngomong karo aku sing marake aku deg-degan.
“Sus..” undange mas bayu
“Iya mas,piye ?” wangsulanku
“Ora papa wis sus isin aku hehe.” wangsulane mas bayu
“Isin kenopo mas ? ngomong wae too.” wangsulanku
“Yowes ngene ya sus jane aku seneng karo kowe, aku nyaman wae karo kowe sus. Kowene piye sus ?” pitakone mas bayu
“Loh seneng piye mas ? kan isih nembe kenal ? wah mas bayu ki ana-ana wae.” wangsulanku
“Yo seneng wae pokoke sus, la piye ?” wangsulane mas bayu
“Piye ya mas ? aku bingung hehe.” Wangsulanku
“Ya awakmu gelem opo ora dadi pacarku ?” pitakone bayu karo mesem-mesem
“Emmmm...” susi karo isin-isin
“Piye ? jawab wae to sus..” mas bayu penasaran
“Iya mas aku gelem..” wangsulanku
“Tenane sus ?” pitakone mas bayu
“Tenan mas ..” wangsulanku
Sawise ditampa bayu lan aku balek menyang omahe dewe-dewe. Dina-dina wis dilewati aku lan bayu padha senenge, nengdi-nengdi mesti wong loro. Suwene anggone pacaran 2tahun mas bayu nduwe pepinginan ngajak aku nikah.
“Sayang..” sapaane mas bayu
“Iya sayang, ana apa ?” wangsulanku
“Ngene loo, awake dhewe pacaran wis suwe sanajan aku arep ngajak awakmu nikah gelem apa ora ?” pitakone mas bayu
“Apa mas ?” aku kaya kaget
“Iya aku arep ngajak nikah..” mas bayu mangsuli katon santai
“Ya mas bayu ngomong karo wong tuwaku dhisik wae, sanajan setuju ya ayo mas awake dhewe nikah..” aku mangsuli katon ati seneng
“Tenan kowe gelem ?” pitakone mas bayu karo ati sumringah
“Iya mas aku gelem..” wangsulanku
Aku lan bayu katon seneng banget,Dina sesuke mas bayu teka ana omahku .
“Kula nuwun..” bayu ngucap salam
“Eh mas bayu, rene mlebu mas. Ana perlu apa ? goleki susi ?” pitakone ibuku
“Boten buu, badhe ketemu bapak lan ibu..” wangsulane mas bayu
“Loh ana apa kok tumben goleki ibu ? “ wangsulane ibuku
“Mekaten bu, kula kaliyan susi nggih sampun 2tahun pacaran, menawi angsal kula badhe ngajak susi nikah, pripun bu ? pitakone bayu
“Ngene mas bayu , sanajan wis padha senenge ya mangga bapak lan ibu nurut-nurut wae sing penting awakmu kabeh padha seneng..” wangsulane ibuku
“Inggih buu sampun padha seneng..” wangsulane mas bayu
“Yowes nak ngono...” wangsulane ibuku
“Nggih maturnuwun buu, kula langsung pamitan mawon amargi badhe wonten perlu..” wangsulane mas bayu
“Ohh yo wess ati-ati yaa..” wangsulane ibuku
“Inggih buu. Assalamualaikum” wangsulane mas bayu karo pamitan
“Waalaikumsalam..” wangsulane ibuku
Sawise balek bayu mau arep ketemu kanca-kancane, bayu langsung ngabari aku sanajan wong tuwaku wis setuju lan ngintuki aku lan mas bayu nikah.
Wulan iki aku karo mas bayu nganaake acara nikahan, sing teka ing acaraku uga akeh merga kanca-kancaku lan kancane mas bayu ya akeh, ditambah kanca-kancane wong tuwaku lan kanca-kancane wong tuwane mas bayu.
“Akhire awakmu dadi bojoku sing sah..” ngomonge mas bayu karo aku kanthi ati seneng banget.
“Iya mas,aku yo seneng banget dewe bakal ngrasaake susah seneng bareng ing keluargane dhewe iki..” wangsulanku
Akhire aku lan mas bayu urip dadi siji keluarga sederhana.

Cerkak Ajining Dhiri saka Busana

Ajining Diri Saka Busana
Langit kang katon sumringah,srengenge sing arep jedul saka wetan. Fitri tangi saka paturone, dheweke nindaake kang wis biasa ditindaake saben isuk. Langsung menyang kamar mandi jupuk banyu kanggo wudhu terus sholat. Sawise sholat dheweke nyapu plataran, ora suwe jam wis nandaake jam 6 fitri banjur siap-siap arep mangkat ing kampus.
Tekan kampus kanca-kancane wis padha teka, ana sing dolanan laptop ing pojokan, ono sing isih crita-crita, ana kang lagi ngerjaake tugas, lan ing mburi ana cah wadon 3 yaiku lia,susi,lan rita. Cah 3 kui mau kanca cedhakku, ana ngendi-ngendi mesti dhewe bareng-bareng teros.
“Heh...” sapaane fitri
“Iyo fit piye ?...” rita kang jawab
“Wis padha garap tugas urung ?” pitakone fitri
“Saben tekan kampus sanajan ana tugas mesti takonmu iku.” Celathune susi rada jengkel
“Hehehe...aku kan ya mung pengen ngerti.” Wangsulane fitri karo ngguya-ngguyu
“Uwis fitri...” jawab kanthi kompak
Wektu wis jam 7 wayahe nunggu dosen, detik jam mlau teros nanging dosen ora ketok blasss.
“Apa kosong ya ?” pitakone susi ing kanca-kancane
“Ya mboh, jajal ketua kelas kongkon hubungi pak dosen.” Jawabane fitri
Ora suwe ketua kelas mau di sms pak dosen sanajan ora iso teka merga ana kepentingan ing solo. Banjur sekelas padha seneng kabeh, lan langsung padha absen kehadiran teros padha balek.
Nanging fitri sakkelompoke cah telu mau banjur menyang kantin saperlu sarapan, karo ngobrol-ngobrol. Ehh..delalah kancane fitri mau ana kang nganggo busana sing ora pantes kanggo kuliah. Zaman kang wis modern, model-model klambi kang wis sarwa apik, kaine kang apik-apik lan nyaman gawe kasengseme para wadon kanggo gonta-ganti klambi. Nanging awake dhewe kudu milih endi sing pantes kanggo kuliah lan endi sing pantes kanggo dolan.
Banjur si fitri takon marang kancane kang nganggo busana sing ora pas iku mau .
“Lohh...rit awakmu arep kuliah opo arep dolan ?” pitakone fitri
“La nopo to fit ?” jawabane rita karo nada tinggi
“Kui lo klambimu ora pantes di gawe kuliah.” Celatune fitri
“La awakmu ki kenopo ngurusi uripe wong ?” wangsulane rita karo rada nesu
“Ngene loo rit, si fitri kui Cuma ngelingake lan ngandhani sadurunge awakmu dielingke lan dikandhani wong liya mengko ndak serik atimu sanajan wong liya sing ngelingake.” Wangsulane susi
“Laa piye yo sus, fit aku luwih nyaman nganggo kaos ngene iki, ora sumuk kaine yo penak .” rita mangsuli
“Iyo rit aku paham kok, nanging ora kudu nganggo kaos kan rit kui ora sopan di gawe kuliah. Jajal diselingi nganggo batik utawa nganggo hem.” Wangsulane fitri
“Iyo bener kui rit jare fitri.” Celathune lia
“Alahh...awakmu kabeh ki pancen kakean komentar aku arep nganggo opo wae yo rak masalah penting aku ora isin.” Jawabane rita karo nesu lan langsung nglungani
Rita banjur nglungani merga dheweke ngira yen kanca-kancane lagi padha mojokke dheweke. Banjur susi,lia lan fitri mbayar mangane ing kantin teros langsung padha balek.
Dina wis ganti, srengenge wis mletik saka wetan fitri, lia, susi , lan rita nindaake aktivitas maneh yaiku kuliah, kabeh wis padha mangkat lan lungguh jejer ana ing mburi.
“Piye rit wis ora nesu ?” pitakone lia
“Hmmm...” wangsulane rita
“Kok malah hmm...” celathune susi
Fitri,lia lan susi padha langsung bingung sanajan rita di takoni mung jawabe “hmmm...” .
“Rit, awakmu iku kenopo ? awakmu nesu karo aku mergo omonganku wingi ing kantin ?” pitakone fitri
“Menurutmu ?..” wangsulane rita karo matane mlerok
“Ya aku ora reti rit makane aku takon, awake dhewe kan wis padha kenal sui mosok arep meneng-menengan musuhan kaya ngene, aku ngandhani awakmu wingi iku kanggo apike awakmu ora arep mojokke lan gawe isin awakmu.” Wangsulane fitri
“Ya..ya aku paham wis rak usah diterusake aku ora nesu, aku jaluk maaf yen aku salah.” Celathune rita karo mesam-mesem meneh
“Nahh ngono to.”lia lan susi nyuwara bareng
“Aku ngandhani awakmu masalah klambimu iku merga wong iku ngajeni wong liyane saka busanane.” Ngendikane fitri
“Iya fit matur nuwun wis merhatike aku.” Wangsulane rita
“Iya rit aku mung kanca dadi mung iso ngandhani sing apik.” Wangsulane fitri
Banjur lia,susi,rita lan fitri akur meneh dolan-dolan bareng ora ana kang lagi meneng-menengan meneh,ora ana sing lagi nesu meneh,sanajan rita wis mudeng karo omongane fitri. Manawa wong liya iku ngajeni awake dhewe saka busana, mula rita arep berubah anggone nganggo busana supaya diajeni marang wong-wong liyane lan ora dinilai negatif, dadi ajining diri iku saka busana.



Geguritan kanthi irah-irahan Lika-Liku Urip

Petenging langit takliwati
Panasing dunya taktutupi klambi
Sanajan ora ana wong ngerti
Lika-likune urip iki
Duhhh...gusti
Apa iki kang jenenge urip ?
Wong susah ing ngendi-ngendi
Wong bungah ora tau ngei
Bungahe ing dunya
Durung mesti bungah ing surga
Aja padha tumindak sombong
Padha ngertia nduwure langist isih ana langit

Geguritan kanthi irah-irahan Urip kang Nyata

Wektu kang wis diparingi gusti ingkang maha mulya
Panguripan kang wis dianugerahke marang sedayane manungsa
Nanging kitha urip ing jaman sandiwara
Jaman kang jahate ngluwihi dasamuka
Angkara saged ngalahke sedaya
Kalepetan kang malah didadike kanca
Kaleresan kang malah didadike perkara
Mesti gusti maringi bencana tembe kowe ngemuta ?
Nyuwun ngapura saderenge gusti murka
Mugi saged diparigi surga

Geguritan kanthi irah-irahan IBU

Tresna ibu
Ora ana sing bisa ngganteni
Sabare ibu
Ora bakal daklaleke
Doa ibu
Kang ngiringi awaku
Ibu...
Pituturmu bakal dakkrungu
Dongaku marang ibu
Muga gusti nyembadani

Geguritan kanthi irah-irahan Geni

Tekamu sing ora bakal ditunggu
Lungamu sing ora bakal digoleki
Wujudmu kang medeni
Bisa gegerke jagat iki
Sanajan awakmu teka
Cobaan kang nelangsake
Bentukmu kang mbulat-mbulat
Wernamu kang abang mangar-mangar
Duhh...gusti
Aja sampek kowe teka
Sanajan teka
Cepet-cepet ndang lunga

Geguritan Rekasaning Urip

Panas kepanasan
Udan kudanan
Ngelih kaliren
Ngelak namung iso ngelek idu
Duhh...gusti
Ngene rekasaning urip
Isuk awan sore bengi
Aku ora tau leren jaluk donga
Marang sampeyan gusti
Urip sing taklakoni
Kahanan sing taknggoni
Aku kudu bersyukur
Amarga akeh wong sing luwih rekasa

Geguritan Kangen Kanca

Duhh...kanca-kancaku

Sejatine wong uripKudu duwe kanca

Susah lan seneng ora bisa disangga dhewe

Ora ana kekancan tanpa pamrih

Sanajan manahing atiku

Biyen wektumu ana kanggo aku

Biyen pundakmu ana kanggo tangisanku

Lan biyen guyumu mentremake atiku

Aku pengen wektu iku saben dina diulangSupaya aku bisa suwe nyandhing awakmu 

Geguritan Godhong Tibo

Angin kang deres
Lan rasane sumribit
Wit-witan katon goyang-goyang
Ing ati rasane adem

Saya suwi saya banter
Saya cedhak saya krasa
Gegodhongan padha tiba
Kayu-kayu ing wit padha tugel

Endahe bumiku
Kang kadhelok saka wujude godhong

Kang katon ijo royo-royo

Geguritan Kangen Udan

Saben isuk

Saben awan

Saben bengi

Kabeh padha nunggu tekamu 

Tekamu sing ora ana wong ngerti

Sanajan mendung lan angin

Awakmu ya ora teka

Apa iki sing kudu dakrasake 

Panas kang saben dina taklakoni

Banyu kang saben dina takgoleki

Tekamu kang saben dina takenteni

Rabu, 02 Desember 2015

Geguritan kanthi irah-irahan PAHITE URIP



Ingkang sawijing dina



Aku metu ing dunya



Saka panguripan kang damai,tentrem lan mbetahi



Katekananku disambut geguyu lan lantunan illahi



Ing dunya kang saiki taknggoni



Kaheranan ana ing jeroning ati



Duhh...gusti



Panguripan apa iki



Getih ana ing ngendi-ngendi



Swara jeritan ndengung ing kuping



Ora ketinggalan tangisan ing ngendi-ngendi



Karepku balik ing panguripan kang abadi



Wonten ing pangkuan sang illahi